|
| |
Humor Suroboyoan
Jilid 2
Kata Pengantar
Derek-derek sedoyo,
Persis koyok jilid siji, banyolan sing onok ndhik buku iki asale yo seko
ngrungokno omongane konco-konco, sanak kadhang lan tonggo teparo sing podho
step. Sing jenenge mblakrak, ceritone yo durung karuan bener sing penting lucu.
Ndhik buku jilid loro iki ceritone wis dicampur dhadhi siji, gak onok bab siji
sampek bab papat maneh. Tapi isine kiro-kiro sik pancet, Wonokairun sik sueneng
tukaran ambek Bunali, Muntiyadi sik pancet dhadhi tentara, cerito khayale yo
sik onok.
Mugo-mugo ae buku iki isok dhadhi tamba peno kuabeh sing menderita gejala angel
mesem, rai mbetutut utowo gak isok nyengir.
Suwun
Budhi Santoso
Paiton, September 2001
Peringatan Hak Cipta
Ngguyu iku termasuk salah siji hak asasine menungso, dhadhi gak perlu mbayar.
Aku gak masalah lek bukuku iku nyebar nang endhi ae, tapi lek onok wong sing
sampek wani ngomersilno, tak dungakno ngguyu pitung turunan gak isok mingkem.
Diuber celeng
Sore-sore mari mulih angon, Bunali pethuk ambek Brudin.
"Waras ta !! " jare Brudin ndhik Bunali.
"Waduh dino iki aku meh mati disruduk celeng " jare Bunali.
"Lho kok isok ngono, yok opo ceritone ?" jare Brudin.
"Mau awan iku aku pethuk celeng, terus tak garai, tak kileni ambek pring
dhadhak nguamuk. Aku diuber-uber katene disrudhuk, untunge iku celenge
bolak-balik tibo kepleset, dhadhi aku sempet menek wit klopo". jare Bunali.
"Waduh cik sereme, lek aku sing ngalami wis pucet kepuyuh-puyuh gak karuan"
jare Brudin.
"Lho, aku iyo ngono, kon pikir celenge kepleset opo ?"
Drakula
Onok drakula loro jenenge Kentus ambek Kentir. Arek loro iki wis sak wengi
gentayangan golek mbun-mbunan gak oleh-oleh. Wis meh katene isuk Kentir mbalik
atik lambene abhang kabeh belepotan getih.
Ndhelok ngono, Kentus malih purik, "Waduh awakmu kok isok oleh getih akeh ?".
"Awakmu kepingin tah ?. Ayo melok aku !!! " jare Kentir.
Mari ngono arek loro iku miber bareng. Gak sui terus anjlok ndhik wuwungane
bangunan.
"Awakmu kethok cagak gendero ndhik ngisor iku ?" takok Kentir.
"Yo kethok rek !! Sing cedhake pos satpam iku se ," jare kentus.
"Wah hebat awakmu . ." jare Kentir.
"Lho opoko masalae ? " takok Kentus.
"Soale aku mau gak kethok . ." jare Kentir.
Asmuni
Bunali lagi kulak sandal nang pasar. Moro-moro onok arek marani Bunali.
"Lho sampeyan iki Asmuni Srimulat yo?" takok arek mau.
"Dhudhuk !. Ngawur ae.!!" jarene Bunali.
"Ojo mbujuki aku tah. Sampeyan mesti Asmuni!" jarene arek mau ngeyel.
Bolak-balik Bunali negesno lek dheke dhudhuk Asmuni Srimulat, tapi arek mau
tetep ae ngotot gak percoyo. Ndhik endhi ae Bunali ditututi ambek arek iku mau.
Mergo mangkel, akhire Bunali ngiyakno, cik arek iku ndang ngalih.
"Yo wis tak akoni aku pancene Asmuni Srimulat!. Kate lapo kon !!"
"Tapi kok gak mirip blas yo?" jare arek mau ambek nginclik.
ASI
Yuk Jah lungo nang dokter anak ambek nggendhong bayek. Gak sui Yuk Jah diceluk
mlebu, tibake doktere guanteng. Mari merikso bayeke, doktere takok nang Yuk
Jah, "Ning, arek iki ngombe ASI opo susu botol ?"
"ASI pak dokter . . ." jare Yuk Jah.
"Wah lek ngono tulung aku prelu merikso susu sampeyan, " jare doktere.
Yuk Jah nurut, klambine dibukak. Mari ngono ambek doktere diperikso alon-alon.
Yuk Jah seneng ae, soale enak ambek doktere kan ganteng pisan. Wis mari
merikso, doktere ngomong ngene, "Waduh Ning, yo pantes bayek sampeyan kuru,
wong sampeyan iku gak ndhuwe susu."
Jare Yuk Jah, "Dhudhuk aku sing nyusoni pak dokter ".
"Lha sopo maneh lho ? ." doktere bingung.
"Aku iki ewange . ."
Wedhi karo bojo
Mari pegatan muntiyadi terus rujukan maneh karo romlah. Masalahe muntiyadi
cinta pol karo romlah. Kapanane ndek kesatuanne muntiyadi, tentara diperintah
baris. Tapi komandan njaluk barisanne dibagi loro. Barisan sing pertama tentara
sing wedi karo bojone. Barisan sing kedua tentara sing gak wedi karo bojone.
Pas komandan ngecek barisan. Barisan sing pertama akeh pol. Barisan sing kedua
cuman siji yo muntiyadi. Komandanne takok nang muntiyadi : Opo'o peno kok gak
wedi karo bojo.
"Lho aku iki ndek barisan kedua, dikongkon karo bojoku" Jare muntiyadi.
Nostalgia
Pas wayahe bulan purnama, Muntiyadi ngejak Romlah ngelencer nostalgia numpak
bronpit. Mari ngono, arek loro iku tekan mburine pabrik paku.
"Dik, yok opo lek awake dhewe mbaleni lakon limang taun kepungkur pas pacaran
biyen ?" jare Muntiyadi.
"Iyo cak, setuju." jare Romlah.
Mari ngono, Romlah dilungguhno ndhik pager wesi mburine pabrik paku iku. Terus
ambek Muntiyadi, Romlah dijak indehoi koyok jamane pas pacaran biyen.
Moro-moro, Romlah lunjak-lunjak ambek awake horeg kabeh.
Ndelok bojone giras ngono, Muntiyadi tambah semuangat. Wis oleh rong ronde,
akhire arek loro iku nggeblak ceblok ndhik suket.
"Waduh dik, awakmu kok cik girase " jare Muntiyadi.
"Iyo cak, limang taun kepungkur, pager wesine gak onok setrume. ."
Semongko
Bunali lagi pusing soale kebon semongkone ben bengi dijarahi wong, padahal lagi
wayahe panen. Wis diakali macem-macem sik pancet ae akeh sing ilang. Jarene
wong sing nyolong iku Wonokairun, tapi Bunali gak wani nangkep. Akhire Bunali
nemokno cara cik malinge kapok.
Sore-sore sak durunge mulih, Bunali masang papan peringatan sing onok tulisane
ngene, "Awas !!! Ati-ati lek arep nyolong. Salah siji semongkoku iki wis tak
suntik racun" Mari ngitung semongkone sing mateng, kabeh onok limolas, Bunali
mulih.
Sisuke Bunali nyambangi kebone maneh, pas di ijir semongkone sik pancet
limolas. "Wah tibake malinge gocik, tak bujuki ambek pengumuman ae wis wedhi "
pikire Bunali.
Mari ngono Bunali ndhelok papan pengumumane ambruk, wah paling ketiup angin,
pikire Bunali maneh.
Pas diwalik, tibake papan pengumumane ditambahi tulisan ambek malinge, "Awas
!!! saiki onok loro".
Wedhus
Bunali pethuk Wonokairun lagi angon wedhus.
"Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?" jare Bunali
"Yo lumayan " jare si Mbah
"Pira kabehe, Mbah ?" takon Bunali maneh
"Sing putih opo sing ireng ?"
"Sing putih, wis"
"Selawe"'
"Wik, cik akehe. Lha sing ireng?'"
"Podho..." jare Wonokairun ambek ngarit suket
Bunali takon maneh.
"Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah.."
"Yo.."
"Pirang kilo mangane sakdino ?"
"Sing putih opo sing ireng ?"
'Sing ireng, wis'
"Yo kiro-kiro limang kiloan"
"Lha sing putih?"
"Podho . . ."
Bunali bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno
sing putih tah ireng, wong jawabane yo podho ae.
"Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu,
sampeyan mesti leren takon sing putih tah sing ireng
barang. Padahal masiyo putih utawa ireng, jawabanmu
podho terus. Sakjane ngono onok opo?"
"Ngene lho, sing putih iku wehusku..."
"Lha sing ireng ?"
"Podho . . ."
Bajak Laut
Muntiyadi pethuk ambek Gempil koncone sing dines ndhik angkatan darat. Tibake
Gempil iku saiki sikile sing kiwo yo dingklang pisan, ambek tangane sing tengen
tibake yo tughel digenti cathoke bakul beras. Sing luwih nemen maneh, motone
gempil kari sing kiwo. Moto sing tengen wis cumplung ditutupi kain ireng malih
koyok bajak laut.
"Lho Mun, sikilmu opoko ? " takok Gempil.
Mari ngono Muntiyadi cerito pengalamane kijolan sikile wong wedhok.
"Lha awakmu opoko kok mreteli pisan ?" Muntiyadi genti takok nang Gempil .
"Pas aku patroli nang Aceh, sikilku ngincak granat, langsung puthul. Pas iku
onoke sikile sapi, berhubung aku gak gelem, akhire yo ngene sikilku dhadhi mek
sithok".
"Waduh cik apese nasipmu, lha tanganmu opoko kok digenti cathoke beras ?" takok
Muntiyadi maneh.
"Mari sikilku tughel iku mau, aku dirawat ndhik barak. Moro-moro barakku dibom
ambek mungsuh, kenek tanganku, langsung tughel. Pas iku onoke cathoke beras,
timbangane gak onok blas, akhire aku gelem. " jarene Gempil maneh.
"Wah kayal thok kon iku, lha motomu opoko kok cumplung pisan ? Kelilipen granat
tah ?" takok Muntiyadi maneh.
"Oo iku seje ceritone. Enak-enak cangkruk nyeritakno pengalamanku iku mau,
moro-moro onok manuk nembeleki mripatku ". jare Gempil.
"Wah kon iku tambah ngawur thok ae, lha mosok ditembeleki manuk isok motone
cumplung". Muntiyadi mulai gak percoyo.
"Lho iku dhudhuk mergo tembelek manuk" jare Gempil.
"Lho opoko ?" takok Muntiyadi.
"Iku pas dino pertama aku nggawe cathok beras".
Numpak Taksi
Muntiyadi mari mulih jogo kiro-kiro jam rolas bengi. Embong wis suepi, gak onok
bemo sing lewat, ojek yo gak onok. Muntiyadi malih merinding disko opo maneh
ketepakan saiki malem Jum'at kliwon.
Mari ngenteni sui, akhire onok taksi liwat, waduh lumayan pikire. Mari mlebu
taksi lungguh ndhik mburi, Muntiyadi terus ngandani supir taksine njaluk
diterno mulih nang Wiyung. Mergo kekeselen, gak sui Muntiyadi langsung keturon
pules.
Pas enak-enak turu, Muntiyadi moro-moro keroso taksine kok tambah alon. Bareng
didelok dhadhak supir taksine wis gak onok, tibake montore mlaku dhewe.
Muntiyadi tambah gemeter pas ndhelok tibake taksine lagi ngeliwati kuburan.
Mergo gak kuat nahan wedhi, Mutiyadi bengok-bengok ambek kepuyuh-puyuh "Tolong
!!. . .tolong !!".
Moro-moro seko jendelone taksi, onok endhase supir taksi njengongok. Muntiyadi
tambah pucet gak karuan, tibake supir taksine ngomong ngene. "Hee cak . .ojok
turu ae . .Ewangono nyurung, montore mogok iki lho. ."
Mercon
Kentir pethuk ambek konco lawase sing jenenge Kentus. Pas ketemu arek loro iku
podho kagete mergo Kentir ambek Kentus podho-podho sirae petal, raine gosong
ambek untune yo podho bogange. Arek loro iku takok takokan opoko kok isok podho
bocele.
Kentir cerito lek raine rusak, sirae petal, ambek untune ngowos mergo melok
nyemprot kobongan ambek mangap.
"Pas aku mangap dhadhak onok elpiji mbledhos" jare Kentir. Mari ngono Kentir
takok nang Kentus opoko kok sirae petal.
"Mari teraweh aku nyumet mercon ambek rokok. Mari tak sumet, mercone tak
sawatno wong dhodhol soto terus ndhelik ambek ngisep rokok. Dhadhak wonge
ngerti, aku diuber terus sirahku digepuki pikulane soto" jare Kentus.
"Lha lek raimu opoko kok gosong" takok Kentir maneh.
"Mari sirahku waras, aku merconan maneh. Mari tak sumet ambek rokok, mercone
tak sawatno wong dhodhol bakso terus dhelik maneh ambek ngisep rokok. Dhadhak
aku ketemon maneh, aku diuber mari ngono diguyang dhudhuhe bakso" jare Kentus.
"Wok nemen kon iku, ngono yo gak kapok. Lha lek untumu opoko kok guwung kabeh
?" takok Kentir maneh.
"Oo lek iki seje ceritone. Pas katene nyumet mercon dhadhak onok arek pacaran
liwat"
"Kapok kon, mulakno tah ojok seneng nginceng. Paling kon digibheng ambek sing
lanang " jare Kentir kemeruh.
"Gak ngono ceritone . ." jare Kentus.
"Opoko lho . .?" takok Kentir.
"Aku lali . . . Rokokku sing tak sawatno. . ."
Kepiting
Romlah njaluk ditukokno kepiting gawe buko.
"Yo wis tak tukokno nang rolak" jare Muntiyadi.
"Lho gak numpak bronpit tah ?" takok Romlah.
"Gak wis, cik gak amis. Tak nyegat bemo ae" jare Muntiyadi. Mari ngono
Muntiyadi budhal nyegat bemo. Dhadhak ndhik bemo Muntiyadi pethuk ambek bekas
pacare biyen, jenenge Sablah.
"Lho cak Mun, kate nang endhi peno cak ?" takok Sablah.
"Kate nglencer golek angin . ." jare Muntiyadi.
"Sakjane aku kate kulak kain, tapi wurung ae wis, tak melok peno ae" jare
Sablah ngalem.
Mari ngono arek loro iku ngelencer nang musium Kapal Selam. Ndhik kono lak isis
tah, dhadhi gak keroso moro-moro wis sore.
"Waduh blaen iki, aku kudhu mulih, wis yo ." jare Muntiyadi. Mari pamitan,
Muntiyadi mampir nang rolak tuku kepiting diadhai kresek. Mergo gopoh kabeh,
pas katene mlebu pekarangan dhadhak kreseke jebol, kepitinge buyar kabeh. Ambek
nggurak kepitinge, Muntiyadi bengok-bengok "Ayo cepetan sithik . .wis meh tekan
iki "
Krungu bojone bengok-bengok, Romlah ambek muring-muring. "Cak . .cak, cik
guobloke se sampeyan iku. Lha mosok kepiting digiring padhakno bebek ae.
Mulakno kok sui. . ."
Wanita Besi
Sutaji gupuh kabeh marani kantor pulisi katene lapuran. "Waduh Pak Pulisi, aku
sik tas ae dinunuti Margaret Tatcher " jare Sutaji.
"Sampeyan ojok macem-macem lek lapuran ." jare pulisine gak percoyo.
"Saestu Pak, asli aku gak mbujuk ". jare Sutaji.
"Lek ngono lapuran sing lengkap alon-alon. Sampeyan pethuk Margaret iku nang
ndhi ?" takok pulisine.
"Ngene lho ceritone Pak. Pas aku ngirim barang arep mlebu tol Waru, moro-moro
onok bule tuwek awe-awe njaluk nunut. Bareng wis munggah, aku kuaget tibake
wong bule iku Margaret Tatcher. " jare Sutaji.
"Lho kok sampeyan yakin lek iku asli Margaret Tatcher ?" takok Polisine.
"Aku yakine iku pas ngisi solar, dhe'e iku titip njaluk tukokno Mesran Super,
jarene ngelak. Lha sisane iku ditetesno mripate, jarene mripate perih" jare
Sutaji.
"Opoko ceritone kok dhe'e sampek isok nunut awakmu ?" takok pulisine maneh.
"Ceritone iku, dhe'e lagi melancong nang Suroboyo, lha pas sampek Demak dhadhak
moro-moro dhe'e diuber-uber wong akeh, onok tukang rombeng, onok juragan
besitua. Kabeh iku nggowok timbangan dhewe-dhewe kepingin ngiloni dhe'e. Mergo
wedhi, akhire dhe'e mlayu mbalik nang hotel. Pas arep tekan hotel, dhadhak
dhe'e pethuk ambek wong Timbang Badan. Begitu ndhelok timbangan, Margaret
tambah pucet kewedhen, terus mlayu maneh sampek akhire pethukan ambek aku
njaluk nunut. Pas tak takoni arep nang endhi, jarene sembarang pokoke sing
aman. Akhire yo tak jak ngirim barang. Lha saiki iku aku arep lapuran ndhik
sampeyan lek Margaret iku ngilang maneh. Aku wedhi lek disalahno." jare Sutaji.
"Lho kapan dhe'e ngilang maneh ? " takok pulisine.
"Pas praotoku tak enggokno jembatan timbang "
Ketinggalan Sepur
Mari nglaporno margaret thatcher sutaji oleh tugas maneh seko kaji Imron.
Sutaji dikongkon ngeterno duwek rong juta gawe mbayar utange kaji Imron. "Pak
.....duwek rong juta iki dikekno sopo" ? Takok sutaji.
"nggone Pak Bunali ndek Semarang" jare Pak kaji
"sopo sing ngeterno aku nang terminal sepur" jare sutaji maneh
"Ojo kuatir ..... gempil karo sujak ngancani awakmu sampek stasion sepur" jare
Pak Kaji.
Menene wong telu budal numpak sepur jurusan semarang. "Sepure sek suwe rek
.....ayok ngopi karo rokokan desek rek" jare Sutaji. Akhire wong telu mau
ngobrol karo guyon cekikikan ndek warung kopi. Saking asyike guyon wong telu
mau gak ngerti lek sepure kate budal. Pas suorone sepur muni banter
teett...tetttt ... arek telu mau kuaget. Mari mbayar kopi arek telu terus
mblayu nututi sepur. Gempil karo sujak mblayune luwih cepet dadi sik isok
mencolot mlebu nang sepur.
Sutaji ketinggalan ndek mburi ... akhire gak nutut .. wis .. ketinggalan.
Gak suwe sutaji terus ngguyu kuekel ..... ha ..ha ..ha ...
Wong sing ndelok ..sutaji ... ono sing sakno .. ono sing bingung ... ono sing
ngiro arek gendeng. Satpame ndelok sutaji koyok ngono gak mentolo .. dipikir
saking sedihe terus dilampiasno ngguyu "hei .. kon iku ketinggalan sepur kok
malah ngguyu kekel opo' o?" jare satpame
Sing kate lungo iku sakjane aku .... Sing numpak sepur kok malah sing ngeterno
aku ...
SPG
Sore-sore onok cewek SPG teko nawakno panci nang omahe Wonokairun.
"Kulo nuwun. " jare cewek iku ambek nyepot sandal.
"Oo monggo, monggo pinarak. "jare Wonokairun.
"Nuwun sewu pak, ibu wonten Pak ?" takok ceweke.
"Waduh bojoku gak ndhik omah ndhuk " jare Wonokairun.
"Yen ngoten, kulo ngerantos mawon " jare ceweke maneh.
"Lho monggo. Anggepen koyok omah dhewe ndhuk " jare Wonokairun ambek
ngejak
cewek iku mau mlebu ruang tamu.
Mari ngono tamune ditinggal ngetren dhoro.
Pas Wonokairun mulih, tibake cewek iku sing lungguh nang ruang tamu.
Ketokane cewek iku wis kuesel ngenteni kudhu ngamuk ae.
"Ibu teng pundhi to Pak ?" takok cewek SPG iku.
"Bojoku lungo nang kuburan ndhuk" jare Wonokairun.
"Jam pinten mangke kondure ?" takok cewek iku maneh.
"Waduh gak weruh aku ndhuk. Wis onok limolas taun durung tau mulih "
Njegur
Onok juragan tambak jenenge Sablah ngadakno sayembara. "Sopo ae sing wani
njegur nang tambakku, bakal oleh hadiah Sepeda Montor." jare Sablah. Akeh wong
sing ngumpul ndhelok sayembarane, tapi gak onok sing wani njegur nang tambak.
Masalae tambake isine dhudhuk iwak tapi boyo, nyambik, bajul lan sak
panunggalane. Mergo gak onok sing wani njegur, hadiae digenti dhadhi montor
kijang anyar. Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur mergo merinding ndhelok
boyone guedhe-guedhe mangap kabeh.
Akhire ambek Sabalah hadiae ditambah maneh, montor kijang anyar ambek omah sak
isine. Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur. Mari sepi meneng kuabeh,
moro-moro Muntiyadi njegur nang tambak. Penontone keplok-keplok kabeh ndhelok
Muntiyadi gelut ambek boyo. Kiro-kiro wis sak jam, akhire Muntiyadi tampil
sebagai pemenang.
Cumak yo ngono, awake dhedhel kuabeh. Wis mari ambekan, Sablah marani arep
nyerahno hadiae, tapi Muntiyadi nolak.
"Yo wis tak tambahi dhuwik limangatus juta" jare Sablah, tapi Muntiyadi tetep
nolak.
"Tak tambahi mas-masan sak kilo" jare Sablah maneh, Muntiyadi tetep gak gelem.
"Wis ngene ae, awakmu njaluk opo ae, tak turuti" jare Sablah gak gelem kalah.
"Aku njaluk arek sing njungkrakno aku mau digowo rene" jare Muntiyadi.
Numpak Taksi 2
Mari jogo bengi Muntiyadi mulih numpak taksi. Timbangane sepi, Muntiyadi njawil
supir taksine kate ngejak ngobrol. Pas dijawil dhadhak supir taksine kuaget
setengah mati. Saking kuagete, sikile langsung mancal gas, montore langsung
mencelat katene nyosop warung. Untunge, supire sik sempet ngincak rem, gak
sidho nubruk.
Muntiyadi ambek supire podho pucete gak isok ambekan. Pas wis tenang, Muntiyadi
njaluk sepuro ambek takon nang supire opoko dijawil ae kok kuaget.
Jare supire "Ngene lho cak, aku sik tas pertama kali iki nyupir taksi, lha
sampeyan iku yo penumpangku sing pertama pisan."
Muntiyadi bingung "Lho mbiyen sampeyan kerjone opo, kok isok sampek kagetan
koyok ngene ?"
"Aku mbiyen yo nyupir pisan" jare supir taksine.
"Supir praoto tah ?" takok Muntiyadi.
"Supir montor jenasah . ."
Sepuluh Ewu
Wonokariun ngejak gendakane, jenenge Mbok Cempluk, perikso nang dokter Bunali.
"Opoko sampeyan iku mbah, wong awake ketok tahes kok athik perikso." takok
dokter Bunali.
"Ngene lho dok, umurku iki wis 80 lha bojoku iki wis kewut pisan umure 75. Aku
pingin takok opo sik oleh tah aku ambek bojoku iki main koyok manten anyar ?"
takok Wonokairun ambek isin-isin.
"Lho lek sampeyan gak onok penyakit yo aman-aman ae. " jare doktere.
"Wah tepak lek ngono, cumak cik tambah mantep, tulung aku ambek bojoku
diperikso. Lha terus mumpung ndhik kene, aku tak main ambek bojoku nang kamar
praktek sampeyan. Tulung dipantau mbok menowo onok opo-opo." Jare Wonokairun.
Batine Bunali, sak umur-umur lagek iki ono pasien njaluk sing aneh koyok ngene.
Tapi wong jenenge dokter akhire panjaluke Wonokairun dituruti, mari jantunge
diperikso, wong loro iku main tutupan layar. Lha Bunali ngenteni jogo-jogo lek
misale wong loro iku gak kuat terus jantungen.
Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu. "Yok
opo dok, aman ae tah?" takok Wonokairun.
Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik kuat.
"Wis mbah, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."
"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.
"Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline sehat." Jare Bunali.
Mari ngono arek loro iku pamitan mulih.
Seminggu maneh, wong loro iku teko maneh nang dokter Bunali. Persis koyok
seminggu kepungkur, njaluk diperikso jantunge, mari ngono njaluk dipantau pas
main. Bunali yo nuruti ae wong pancen tugase sebagai dokter. Mari oleh rong
ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu. "Yok opo dok, aman ae
tah?" takok Wonokairun.
Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik kuat.
"Lak wis tak kandani, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."
"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.
"Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline sehat." Jare Bunali.
Mari ngono arek loro iku pamitan mulih.
Seminggu maneh, wong loro iku teko maneh nang dokter Bunali. Persis koyok
seminggu kepungkur, njaluk diperikso jantunge, mari ngono njaluk dipantau pas
main. Bunali wis mulai ngersulo, tapi yo sik dituruti. Mari oleh rong ronde,
Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu. "Yok opo dok, aman ae tah?"
takok Wonokairun.
Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik kuat.
"Koyok minggu wingi, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir."
"Suwun dok. Piro ongkose ?" takok Wonokairun.
"Sik tah mbah, aku katene takok. Sampeyan lak wis tak kandani lek sampeyan iku
sehat, laopo bolak-balik teko rene ngongkon aku mentelengi sampeyan main. Masio
elek, aku iki dokter rek !!, dhudhuk wasit smack down." Bunali mulai purik.
"Ngene lho dok, aku iki wis muteri sak Suroboyo, Mbenjeng, Balungbendo, Ndhiwek
sampek Peterongan. Gak onok sewa kamar sing ngisore sepuluh ewu ."
Pelabuhan
Muntiyadi oleh tugas jogo nang pelabuhan Tanjung Perak mulai isuk sampek sore.
Isuk-isuk kiro-kiro jam enem, Muntiyadi pethuk ambek Togog numpak sepeda gunung
metu seko pelabuhan. Muntiyadi curiga soale, sepedane Togog digandoli glangsing
guedhe loro kiwo tengen. Isine pasti sabu-sabu, utowo putaw pikire Muntiyadi.
Mergo curiga, Togog dicegat terus digeledah kuabeh mulai klambi, kathok sampek
kampes. Mari ngono isi glangsinge yo disuntek pisan, tibake isine mek pasir
thok. Gak onok nakobar blas.
"Kon laopo sepedaan nang kene ?" takok Muntiyadi.
"Ngene lho pak, aku iki seneng olahraga nang pinggit laut, angine enak." jare
Togog.
"Lho laopo sepedamu apik-apik athik kon gandholi pasir ?" takok Muntiyadi.
"Sepedaku iki enteng pak, cik rodhok abhot sithik yo tak gandholi pasir iki."
jare Togog maneh.
Pikire Muntiyadi yo masuk akal penjelasane Togog iki. Mari KTPne diperikso,
akhire Togog diculno.
Sisuke, Muntiyadi pethuk Togog sepedaan maneh. Mergo sik curiga, Togog
diperikso maneh koyok wingi. Akhire pancen gak onok opo-opo, isine glangsing
cumak pasir thok, Togog terus diculno maneh.
Kiro-kiro wis seminggu, Muntiyadi mulai bosen merikso Togog. Dhadhi lek pethuk
ben isuk mek manthuk thok, laopo diperikso maneh wong mek pasir. Selama telung
taun akhire ben isuk Muntiyadi pethuk ambek Togog numpak sepedaan. Arek loro
iku malih dhadhi konco apik, kadang-kadang Togog ditraktir ngopi lek isuk.
Mari ngono Muntiyadi dipindah tugase mbalik nang markas besar, gak tau pethuk
ambek Togog maneh.
Suatu hari, pas Muntiyadi mangan nang restoran, dhadhak pethuk Togog maneh.
Tibake Togog iku sugih, montore sedan anyar.
Bareng kethok onok Muntiyadi, genti Togog sing nraktir. Ambek mangan, arek loro
iku ngobrol.
"Gog, terus terang ae sakjane aku iki sik curiga ambek awakmu. Aku yakin
sakjane awakmu iki penyelundup, gak mungkin awakmu isok sugih koyok ngene.
Saking ae aku gak isok nemokno barang bukti. Lha saiki aku wis gak jogo nang
kono, wis tah awakmu ngaku ae ojok khawatir, selama telung taun wingi sakjane
awakmu iku nyelundupno opo?." takok Muntiyadi penasaran.
"Sepeda . . ."
Sayang anak
Muntiyadi oleh tugas penyerbuan nang sarange GAM. Repote, anake Muntiyadi sing
jenenge Tole umure sik sepuluh taun gak gelem ditinggal njaluk melok. Mergo
sayang anak, akhire Tole dijak pisan, mari mulih sekolah langsung melok numpak
pesawat.
Nang pesawat wis onok koncone Muntiyadi jenenge Togog ambek Gempil. Pas nang
awang-awang, dhadhak mesin pesawate mbrebhet terus mati. Wong papat iku mau
mulai pucet kepoyoh-poyoh royokan parasut. Lha masalae parasute iku mek telu,
padahal wonge onok papat termasuk Tole anake Muntiyadi.
Mergo wedhi kedisikan, Togog langsung nyaut parasut terus terjun metu pesawat.
Mari ngono Gempil gak gelem kalah, melok nyaut parasut terus terjun pisan.
Muntiyadi terus rundingan ambek anake, sopo sing kudhu ngalah soale parasute
kari sithok.
"Le anakku, parasut iki gawe awakmu ae, masa depanmu sik dhowo. Bapak mek titip
salam gawe mbokmu yo Le."
"Pak, sampeyan wis gak usah mbrebes mili, ngisin-ngisini markas besar ae. Iki
lho parasute sik onok loro. " jare Tole.
"Lho kok isok ngono, lak mau wis disaut Togog ambek Gempil ?" Muntiyadi heran.
"Sing disaut Om Togog iku mau tas sekolahku . . ."
Lali
Sore-sore Wonokairun nangis gerung-gerung ndhik pinggir embong ambek napuki
sirahe. Gak sui Bunali liwat, begitu ndhelok onok wong tuwek nangis langsung
mandhek nakoni. "Mbah, laopo sampeyan nangis ndhik pinggir embong ?" takok
Bunali.
"Aku ndhuwe bojo anyar ndhik omah, sik tas ae tak rabi, umure 20 taun, sik
enom, ayu, semlohe. " jare Wonokairun ambek nangis.
"Lho lak enak se sampeyan, laopo kok nangis lho ?. " Bunali mulai bingung.
"Ngene lho cak, wis ayu, bojoku iku yo pinter masak. Opo ae kari njaluk, jangan
asem, rawon, brengkes, sembarang sing enak-enak pokoke. " jare Wonokairun.
"Lha kurang opo maneh sampeyan Mbah. Ngono kok sik mewek ae. " Bunali tambah
bingung.
"Mari ngono yo, bojoku iku setia pol ambek aku. Lek onok sing nggudho langsung
dikandhakno aku. " jare Wonokairun maneh.
"Lek ngono ceritane, lha terus opoko sampeyan kok nangis gerung-gerung gak
mari-mari ?" Bunali wis gak sabar meneh.
"Aku lali ndhik endhi omahku . . . ."
Ndlahom
Muntiyadi bingung nggoleki bojone. Mari munyer-munyer sepedaan, akhire ketemu.
Muntiyadi kuaget, tibake Romlah lagi ndhodhok ndhik tengah lapangan, waduh
sempel wong iki pikire. Seko pinggir embong Muntiyadi mbengoki bojone. "Ooooiii
!!! Laopo kon ndhik kono dik" jare Muntiyadi ambek bengok-bengok.
"Lho sampeyan gak kethok tah, aku lagi numpak perahu nang tengah segoro" jare
Romlah.
"Waduh dik, mulakno wong ngarani awakmu ndlahom, wong kelakuanmu pancene koyok
ngono. Ayok ndhang mulih, ojok ngisin-ngisini aku" jare Muntiyadi emosi.
"Gak gelem aku cak, wong aku lagi enak-enak golek iwak " jare Romlah.
"Mulih tah gak !!!" jare Muntiyadi muntap.
"Gak gelem!! " jare Romlah.
"Tak gibheng lho yo !!!" jare Muntiyadi.
"Rinio lho lek wani !!" jare Romlah.
"Oo... saking ae aku gak isok renang"
|